B. Daerah

Pertanyaan

tolong buatkan percakapan bertamu dalam bahasa jawa untuk 4 tokoh

1 Jawaban

  • Andi,ibu,rima, dan pak guru, garwane pak guru
    ( mertamu teng pak guru )

    Ibu risma: kulonuwun pak guru... ( tok tok tok )
    Pguru : monggo , e bu risma , monggo mlebet bu, kok karo mas andri ,wonten nopo, monggo monggo pinarak lenggah rumiyin.
    Bu risma : njih pak matur nuwun.. ( kabeh mlebu lan jagong kanti sopan )
    Pak guru : pripun bu risma, kok sonten2 merlokke mriki sajakipun wigati sanget.
    Bu risma : hehe, ngapunten pak guru,sampun ganggu, kulo sowan mriki sonten2 kantenan meniko lare kulo gadah PR ananging dereng paham turene. Mbenjing bade dipun kumpulaken, mbok menawi pak guru saget marai. Hehe nyuwun tulung
    Pak guru : ooh.. Kene kene mas, pr opo kene tak ndelok
    Andri : pr basa jawi pak guru, nulis aksara jawa, kulo dereng paham.
    Pakguru : oh, mas andri duwe honocoroko ne pora?
    Andri : mboten pak, mulo kulo mboten saget garap.
    Pak guru : kene tak tuliske honocoroko sak pasangan lan sandangane, mengko diapalke mergo kanggo terus.
    Andri : nggih pak.
    Garwane bu guru : ee ana tamu, pun dangu bu risma? Niki tak damelke unjukkan damel ilo ilo.
    Bu risma: hehe, nuwun sewu bu njuk ngrepoti, niki namung ngeterke andri nyuwun pirso pr kalih bapak, lha kulo ra sekolah dadi raiso marai bu, hehe
    Garwane pak guru : halah semang di terterke po barang ki lho.. Opo iyo ra wani.. Opo isin?
    Andri : hehe injih bu, isin kulo.. Ajrih menawi ganggu.
    Pak guru : ah yo ora mas andri , penting ojo tengah wengi ae hehehe.. Iki jajal di turun..
    Bu risma: hehehe njuk ws mudheng durung ndri?
    Andri : sekedap bu....., mekaten pak?
    Pak guru : lha dene iso, jal di isi kabeh nang kene, ngko tak koreksine, tak dudui nek salah
    Andri : njih pak..
    ( 20 menit kmudian)
    Andri : meniko pak, leres mboten?
    Pak guru : ..... Yo yo yo.. Kui bener kabeh, jebul cepet mudheng koe cah bagus.
    Andri ; hehe..
    Bu risma : njuk wis po rung ndri, nek wis njuk ayo pamitan, ibuk selak arak nyetliko nang umah
    Garwane bu guru : halah isih dolan kok malah kesusu2
    Bu risma : hehe dolan gampang kpn2 bu, karang dioyak gawean umah ki. Wis ndri siki koe ganti blajar matur pamitan ro pak guru..
    Pak guru : hehe.. Jajal wani pora.. Hehe
    Garwane pak guru : yo kendel kok wong ch pinter kok yo mas andri.
    Andri : hehehehe.. Nuwun sewu pak, bu, gandeng sampun cekap ugi sampun ndalu kulo lan ibu nyuwun pamit, matur nuwun sampun mbiyantu kulo anggenipun nggarap Pr, mbok menawi wonten klenta klentunipun anggen kulo lan ibu sowan meniko, kulo lan ibu nyuwun pangapunten.
    Pak guru : njiiiih. Wih gagah tenan yowis ngati ati..
    Bu risma : pareng pak , bu, maturnuwun, nuwun swu njuk ngrepoti.
    Pak guru + garwane : njih sami2 ora ngrepoti, mas andri nek ono pr rene dewe rasah isin.. Heheh


    (Kromo inggil, kromo lugu, ngoko )

Pertanyaan Lainnya